Blogger Jateng

Yasa Kedhaton Indraprasta



Sajroning padha leledhang ana ing satepining narmada, Asura matur marang Sang Arjuna:..."Raden,kawula rumaos kapotangan kasaenan ageng sanget dhateng paduka Raden. Saumpami boten paduka pitulungi, kawula tertamtu sampun sirna dening Cakranipun Prabu Kresna. Awit saking punika Raden, mugi paduka karsaa ngendikaaken, punapa ingkang kedah kawula aturaken, minangka tandhaning atur panuwun kawula dhateng sih wilasa paduka."

Ature Asura Maya mangkono iku dibolan-baleni nganti wola-wali.
Arjuna:'',,Wah! nganti marambah_rambah anggonmu kumudu-kudu menehi apa ta apa marang aku. Sumurupa,Asura! Asungpitulungan iku wis dadi dharmaning satriya. Satriya iku sepi ing pamrih, ora tau ngalap opah. Ora liya pamujiku marang kowe, mugatansah nemua basuki, lan tansah nindakna grenjeting atimu kang tumuju marang panggawe becik, lan maneh aja nganggo ewh-pakewuh tandukmu marang aku."

Prabu Kresna nyambungi ;'',,,E,Asura Maya! Sarehning kowe ing semu kumudu-kudu males kabecikane yayi Arjuna, mangka yayi Arjuna ora karsa nampa, pamrayoganingsun mangkene;..becikke kowe ngyaksana kadhaton yayi Prabu Yudhistira ing Indraprastha. Kadhaton kang endahe kaya kadhatone ratuning dewa Bathara Indra,supaya agawe gumun-ngungune kang padha ndulu. Anggoningsun asung pramayoga mangkono iku, amarga ingsun wuninga manawa kowe iku salugune ahli ing babagan bangunan kang banget mumpuni ing kalangane para Asura."

Ngrungu pangandikane Prabu Kresna mangkono iku, Asura Maya banget suka amawarta suta, ature;,,"Kawulasendika ngestokaken dhawuh paduka."

Bareng olehe padha leledangan ana ing satepining narmada wis sawatara suwene, Prabu Kresna lan Sang Arjuna kondur menyang kadhaton Indraprastha diderekake Asura Maya. Sapraptane ing kadhaton, Sang Arjuna terus marak sowan ing ngarsane Prabu Yudhistira nyowanake Asura Maya, kanthi mratelakake lelakon kang wis mentas dialami saka wiwitan nganti tekan wekasan ora ana kang kliwat. Sang Arjuna uga mratelakake yen Asura Maya nedya  ngyaksake kadhaton Pandawa miturut pramayogane Prabu Kresna. Bab iku agawe panujuning panggalihe Prabu Yudhistira.

Sarehne olehe nedya ngyaksake kadhatonwis dadikeparenge panggalihe Prabu Yudhistira,Asura Maya enggal medal pasilan, nuli milih papan kang bawera lan nengsemake, kang prayoga kinarya adeg kadhaton, kang sandjan ing mangsa ketiga, rendheng,labuh utawa mareng hawane meh padha bae. Sawise oleh panggonan kang prayoga didegi kadhaton,banjur diukur-ukur dijupuk 5.000 dhepa pesagi, kanggo calon cempurining kadhaton.

Sawise rampung olehe ngukur-ukur, Asura Maya banjur pamitan menyang tlaga Windu, nedya jupuk peni-peni rajapeni sesotya manik nawaretna kang sumimpen ing tlaga iku.

Ujare Asura Maya, ing jaman kuna nalika para danawa padha asesaji ana ing satepining tlaga Windu, Asura iku nglumpukake sesotya manik nawa retna nila widuri lan jumerut kasimpen ing pucaking gunung Menaka kang aran ardi Kelasa ing iring lor, ana ing kedhaton Danawaraja Prabu Wresaparwa. Sesotya maneka warna iku isih wutuh getuh, nedya dijupuk dening Asura Maya kanggo aden-adening kadhaton kang arep digarap, supaya dadine kadhaton misuwur ing jagad.

Ing sajroning tlga Windu ana gada lan gedhene lan abote kagila-gila, nedya dijupuk dicaosake Sang Bhima.Gada iku sinelut mas murni,bobote padha karo gada lumrah sakethi, iku biyen-biyene darbeke Sang Danawaraja. Ing tlaga Windu uga ana slumpret saka sumpil gedhe aran DEWWADATTA utawa sinebut slompret DEWADENTA, suwarane luwih dening sora, agawe getering mungsuh kang ngrungu. Slompret ikuk biyen-biyene kagungane Bathara Baruna, uga nedya dijupuk bakal dicaoske marang Arjuna.

Asura Maya mangkat ngener pagunungan Menaka ing puncaking kang aran Kelasa. Puncake kang luwih aran HIRANYASRENGGA prasasatkebak sesotya manik nawa retna. Tlaga Windu dumunung ana ing sacedhake gunung iku.

Duk ing kuna Sang Hyang Indra tau sesaji rambah kaping satus anan ing satepineng tlaga Windu,ing papan ajanging sesaji rinenggo pathok sesotya nawa retna tanpa wilangan kehe, wadahe sesaji saka kencana murni. Kajaba Bathara Indra, akeh dewa liyane kang wis tau asesaji ana ing satepining tlaga Windu, papane sesaji saka kencana tinretes sesotya.

Satekane ing tlaga Windu, Asura Maya njupik gada lan slompret Dewwadata kang ana sajroning tlaga iku,banjur ngumpulake sakwernane sesotya nawaretna lan peni-peni rajapeni darbekke Danawaraja Prabu Wresaparwa ing jaman kuna. Kehing sesotya manik nawa retna nila widuri lan sapanunggalane nganti ngundung-undung kaya gunung, kabeh iku diudung menyang Kandhawaprasta kanggo ngyaksakake kadhaton Prabu Yudhistira. Pangusunge mesti bae ora cukup sepisan, nanging nganti ambl-ambalan. Gada sinelut kencana kang abote kagila-gil dicaosake marang Sang BHima, slompret Dewwadata diaturake Sang Arjuna.

Bareng wis dadi kadhaton gaewane Asura Maya banget endah peni. Kabeh sakane kadhaton lan gebyoge saka mas murni ingukir-ukir luwih dening elok,tur tinretes sesotya manik nawa retna nila widuri,yen sinawang saka mandrawa katon sumarat, anglam-lami, kaya kahanane antariksa kang wayah sandykala. Kadhaton gedhe aduwur, hawane adem nyenengake, jinaga raseka bangsane Kingkara wolung ewu kehe. Kingkara-kingkara iku dedeg piadegke gagah prakosa teguh santosa, katon nggegirisi. Mripate abang, kupinge njepiping, padha sikep gegaman wrna-warna, kabeh bisa napak jumantara.

Ing sajroning cempuri kadhaton ana bejine rinengga pepetan trate kang godhonge ska inten bumi,gagange saka barleyan. Kajaba iku, beji iku uga rinengga pepethankayu apu saka sesotya. Banyune beji bening nyarong kinclong-kinclong kaca kaca, nganti dhasare dalasan bulus-bulus lan iwak-iwakke katon cetha wela-wela. urut pinggiring beji rinengga sela cendani tinretes jumerut sineling mirah,undhak-undhakan minangka dalane nyemplung menyang beji ginawa saka akik manca warna. Saka akehe pepethan trate lan kayu apu kang saka sesotya manik nawa retna,manawa pinuju  ana angin sumilir, pepethan trate lan kayu apu iku obah-obah,satemahbeji iku katon gebyar-gebyar anglam-lami. Saka beninging banyune beji lain saka akehe rerenggane sesotya manik nawa retna, kerep ana tamu Ratu kang kecemplung ing beji iku, jalaran beji iku kinira daratan.

Kajaba beji,ing sajroning cempuri kadhaton ana sendang kang uga bening banyune,sinaba ing cakrawala (mliwis). Ing skubenge beji lan sendang mawa pepethan kang kembange arum wnagi, manawa katiyup ing maruta manda gandane ngambar-ambar sumebar saindenging cempuri.

Kadhaton yasne Asuro Maya iku panggarape riket banget, watara mung patbelas sasi lawase. Sawise paripurna, kadhaton iku banjur dipasrahake dening Asura Maya marang Prabu Yudhistira.
Wiwit nglenggahi kadhaton gaweane Asura Maya, Prabu Yudhistira sakadang Pandawa rumangsa mulya.