Blogger Jateng

Prabu Gandareya



Narendra ing Gandaradesa ya sinebat Gandara.

Salebeting Serat Purwakandha (Serat Babad Purwa), Gandareya putranipun sang Kistawa, salah satunggaling begal duratmaka ingkang anyidra kadangipun Prabu Sentanu ing Ngastina, aran Dewi Sentani. Kistawa pejah dening Raja Prabu Sugora sangking Selagiri, putra Prabu Sugata. Kistawa kalampahan krama antuk Dewi Sentani. Tatkala semanten Kistawa nilar Sentani ingkang nembe wawrat sepuh. Kiswata pitungkas yen benjing ingkang garwa babaran mijil kakung, kaparingana tenger Gandareya.

Sasedanipun ingkang rama, Gandareya lair. Sareng umur patbelas warsa mindhak santosa, gagah prakosa dedeg piyadegipun, swanten braok sartane gadhah pakarti ingkang sami lawan ingkang rama swargi. Asring ambebegal, angecu, memalinh, asring angalap opah, madat, madon, sapiturutipun. Ingkang ibu datan karenan ing galih, amenging kang putra kadhawuhan kendel anggenipun tuminsak durjana. Ingkang putra datan suka, lajeng kesah sangking Gandaradesa alalana.

Kocap tatkala semanten, Gandareya pinanggih putri nagari Manggada awasta Dewi Gandarini ingkang kabujung awit uwal sangking panyidranipun sang Gorawacana sangking nagari Girilowa. Gandarini nyuwun pitulunganipun sang Gandareya. Sareng sami pinanggih Gorawacana, lajeng campuh perang. Gorawacana pejah. Gandarini kairing wangsul dhateng Nagari Manggada angadhep ingkang rama, Prabu Sugendra.

Wus pinesthi dados jodhonipun, Gandareya kadhaupaken kaliyan Gandarini. Lestantun wangsul dhateng Gandaradesa lajeng jumeneng nata ing ngriku. Gandareya angangkat pepatih nama Demang Agulagul sarta wadyabala sangking para kawula Gandaradesa. Sang ibu ingkang tansah angantu ingkang putra langkung suka ing panggalih sarta angandikani kersaa amupus tumindak ingkang boten sae. Gandareya miturut kersanipun ingkang ibu. Dewi Gandarini wus anggarbini, lajeng lair putra kalih, setunggal jalu nama Raden Gandara ingkang setunggal putri nama Dewi Gandari. Salajengipun Gandareya arsa males sedanipun ingkang rama dhateng Sang Sugora.

Sejatosipun salebeting Serat Purwakandha, watek bapangan tumrap ringgit Gandareya punika ugi boten tebih saking teks-ipun:
Nalika Gandareya sowan Ngastina sesarengan kaliyan ingkang ibu, Dewi Sentani. Piyambakipun kajumenengaken senapati kaliyan Prabu Sentanu kangge ngadhepi pangamukipun Prabu Purusada sangking nagari Retnagonda.

Gandareya pun paringi pangageman kados ing ngandhap salebeting pupuh
Pangkur 27. Gandareya wus ginanjar, mring kang uwa pinaring busana di, gagelang lawan kekalung, kelatbahu mas sarpa, ulur-ulur abebadhong praba murub, sasumping ganggong mas mubyar, remane ginelung keling..
28. Ambapang nulya mit medal, asesumbar payo rebuten mami....


Ing mriku sejatosipun wonten bab pangagem ingkang kasebat cetha..inggih punika 'remane ginelung keling' sarta 'ambapang'. Ingkang paling boten nedahaken ciri anggenipun angreka, angentha wujud ringgitipun. Wondene dipun wujudi mawi gurdha mungkur utawi bledhekan, bokmenawi kangge nedahaken sipatipun ingkang langkung gagah tuwin sekedhik gadhah wewatekan 'asura' utawi sugal urakan. Bab 'ambapang' kangge pancadan watek wandanipun ringgit. Salebeting gatra ringgit gagrag Ngayogyakarta, wewatekan bapangan anggadhahi wanda Bujang, Dlomeh, kaliyan sok wonten ingkang wujud 'Gambyong'.

Punika vaian wujud ringgit Gandareya.
Blak putran sangking ringgit Ngabeyan, corekan R Bima Slamet Raharja, tatahan mas Bagong Martoyo.